KAWULA MUDA
Ati nggrantes
Krungu basa tanpa sastra
Kuping ngeres
Krungu tembang tanpa irama
Ooo....kawula mudha
Budhaya perlu daya
Daya perlu napas
Napasmu meh kandhas
Aja sumelang
Isih ana papan amba
Jembar bisa lelumban
Ing jagad sastra lan basa
Semangatmu.........
Gregetmu.............
Jawa - mu...........
Ditunggu!
kenjeran_tugu pahlawan
BalasHapuswedhi putih kang tumemplek ing lathimu
sapa sing mesthi mbok antu,nimas
apa ombak kang isih sesautan sawdhuwuring layar banjur ing dhadhamu
kelakon pandhemen katresnan pacah dhek semon
ARTI URIP ING ALAM NDONYO
BalasHapusUrip ing ndonyo iku tansah rekasa
Yen pancen pengen urip mulyo ing ndonyo
Urip ing ndonyo linuwih ana manfaate
Yen kita migunakake kanggo kabajikan
Ngisi kegiyatan saben dino
Karo hal-hal sing becik
Lan tansah ana manfaate kanggo kita
Apa tegese urip ing ndonyo
Yen kita ora iso manfaate kanggo kabajikan
Bisa-bisa urip ing ndonyo
Kita bakal sengsoro malah ora mulyo
RENCANG KANG SEJATI
BalasHapusRencang sejati
Isa nglengkapi,
Isa nyemanggati,aka ampek sakiki
Kowe tetep neng ati iki
KUPU-KUPU
BalasHapuskumleyang sak ben tamanku
mubang-mubeng ing nduwur kembang
ngincupi kembang kang lagi mekar
gawe taman katon endah
SwuN yeA...............
BalasHapusNunggu tekamu
BalasHapusAti iki rasane koyo loro banget
Ngerti sliramu karo wadon liyan
Netes luh ing mata
Koyo-koyo sliramu gag ngroso
yen aku tresno
tak batin loro ati iki
ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya
luh ku trus netes
yen kelingan sliramu
aku pengen nglalekne awakmu
tapi aku gag iso…
mesti trus kelingan sliramu
Kanca
BalasHapusDadiya kanca kaya srengenge
Sing nyinari karo nyemangati
Kaya angin
Sing jujur karo nyenengne ati
Kaya bintang
Sing ora nduwe kesel mesthi mbaturi
Kaya rembulan
Sing nentremne ati
Aja dadi kanca kaya pelangi
Sing teko delut banjur ngaleh
AKU
BalasHapusAku uduk srengenge
Sing nyinari saben dino
Aku ya uduk bulan apa bintang
Sing ana saben wengi
Aku uga ya uduk udan
Sing tekane dienteni saben wong
Aku ora iso kayak godhong
Sing nglengkapi saben wit-witan
Nangin aku pengen kayak angin
Sing mestin ana kanggo wong liya
Lan mesti duweni manfaat
Sing dadi unsur utama umat manungsa
Yen ora ana angin
apa sing dienggo ambekan
Kabeh makhluk sing urip
UDAN WAYAH SORE
BalasHapusudan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
PETENGING WENGI
BalasHapussumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
Rikala aku sedih....
BalasHapussliramu ana ing sandingku
aku gak kepengen....
sliramu adoh saka aku
....................
Tumiaping angin ing sidharamping
BalasHapusNyawa tekaku ing papan iki
Rinenggut tresna ing njerone dhadha
Tampanana nda iki pancen nyata
Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak
Kanthi ya mung siji
Kaya ngene rasane
kang lagi lelumbang
Ngenani tresna ing atiku atimu
Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati
Minangka tenger ati ngauji
Reruntungan napati mardi
Binarung gremicik suarane banyu
Gawe bungah rasa njroning ati
Mesem guyu sliramu mring aku
Tumetes waswa pralanda renaku.
Tansah mesem lambe iki naliko kelingan esem sliramu,
BalasHapusAti iki ora bisa ngapusi,
Mung sliramu ingkang tak anti",
Mung sliramu ingkang tak kangeni,
Duucd widadariku maburo mbalek menclok ning atiku,
Obatono ati ingkang cacat iki,
pak tani
BalasHapusWayah esuk budhal menyang sawah
Karo pacul neng pundhakmu
Kowe ora ndhuwe rasa kesel
Rasa iku mau bisa ilang,
Mergo nyawang endahing tetanduran
Karo ramene suarane manuk miber
Pak tani........
Awakmu sabar banget
Ngrawat tetandhuran kanthi rasa bungah
Saka nebarake winih,
Lan uga ngenteni panene.